Choose a Bible Book or Range
Type your text here
Ignore Case
Highlight Results

June 06, 2007

Sapiro Meneh

Pira suwene aku kudu ngetung lintang
nrithil saben wengi ing langit klawu
kekancan pengarep-arep suwung
ing sangarepe kori kang bisu

Wektu peplayon antaraning urip lan pati
dedhepe golek welasing kalodhangan
tansah tinetheg rapet tangan prakosa
lan benteng-benteng kukuh
kinarya malangi sumuke mangsa
saya kalagar mawa panas kagila-gila

Cakramanggilingan dhapur pepenginan
sumlempit antarane kanyatan luput ramalan
nanging gawe lawe abang kojahe pepenginan
mandheg, ketampeg jaman
dadi panglipur kekarepan sing coklek
sawise tanpa menangi jumbuhe wewarah
sajerone kanyatan wantah,

Sarwa mangu-mangu
antarane petungan iki lan iku

Get Free .CO.CC and .CC.CC Domain name No Ads!
CO.
CC supports for CNAME, A, MX, NS records!

WWW. .CO.CC

e.g. www.myname.co.cc, www.myname2.co.cc

Powered by CO.CC:Free Domain

  © Family Blessing 2009

Back to TOP