Choose a Bible Book or Range
Type your text here
Ignore Case
Highlight Results

June 04, 2007

Segara Raga

ombak-ombak segara kang nguliti raga
minangka srengenge
terus sumanding antarane rasa anget
ngumpul nyawiji marang semangat yekti
sangu ngaurip kara jangkah,
kang bakal menehi pawarta
tekan gisik-gisik segara
nalika tetep anteng
ngenteni lereme srengenge angslup ing bang kulon

nganti tekan ngendi jangkah sikil iki jumangkah
nguru playune nasib,

kapal kang terus minggir ing antarane wewayangan
padha gegondhelan,
salela-selane watu-watu karang
kanggo nyangga tatanan
bisa gawe kahanan senajan tetep dadi wewadi
karo garis cakrawala sawise segara raga
dadi siji marang ombak gisik tetep sumadya sumandhing
marang raga,
marang ati,

mung layar kang bakal kumlebet
nembur jembaring banyu-banyu warna biru
dadi petungan dhewe
ana pucuking layung

Get Free .CO.CC and .CC.CC Domain name No Ads!
CO.
CC supports for CNAME, A, MX, NS records!

WWW. .CO.CC

e.g. www.myname.co.cc, www.myname2.co.cc

Powered by CO.CC:Free Domain

  © Family Blessing 2009

Back to TOP